Sanepo (anggep koyo dene Mbuang Maruto)

Iki Mung sakdermo cerito kanggo pepeling mergo ora iso sak naliko metu jlentrehane nganggo paugerane ilmu paningal...

Kabeh pesthene perkoro dunyo mung gadahe Gusti Alloh SWT

Mbledose salah sawijine gunung ing tlatah jawi kuwi ditengeri kanti metune sawer buntet/bentek kang wujude koyo bebek sing cacahe 7.. Ora ateges kuwi bebek lan ora ateges kuwi mau di arani sawer. Makhluk kuwi mau nyoto ora nyoto ananging wektu kuwi ono. Banjur makhluk kuwi dipernahke kanti jeneng sawer buntet mbebeki. Bisone diarani koyo bebek kuwi mau naliko lagi nglangi ono sajerone dalan banyu koyo grojogan banjur lakune koyo bebek. Banjur bisone diarani sawer amargo wujude koyo sawer ananging ora dowo utowo buntet/bentek. Sawer buntet mbebeki metu koyo ngurut grojogan kang wus ono dalane banyu, ora ombo dalane banyu, dudu lemah lan dudu wedi kang dadi pinggire. Tumekone ora banjur nganggo takeran wektu kang suwi lan rut urutan.

Manungso ono sing ngerti lan ugo ono sing ora ngerti perkoro kuwi mau.
Abang mencoronge gunung ora soko pucuk ananging soko bongkote gunung lan soko awake gunung. Suorone mbrebegi kuping, awu ne kandel ora ukuran, mripat angel melek lan irung saknaliko koyo ora iso ambegan.
Banjur tumurune krikil podo dene koyo mudune udan.
Ora lor kidul wetan kulon sakabehane entuk musibahe gunung kuwi. Igir kidul kang maune koyo dene bucu kang lancip saknaliko bubrah amargo mbledose soko awake gunung.
Manungso podo bingung mlayu bubrah pecah sak naliko nylametke awake dewe, lali sanak kadange.
Ora banjur gunung kuwi leren naliko mbledos soko awake.
Ora ganti suwe sak uwise mbledose gunung, ono manungso kang nduwe pinemu yen gunung wes rampung anggone mbledos, sahinggo nduwe roso aman banjur nduweni keniatan kanggo mbaleni bondhone kang ora iso kegowo. Ora dinyono naliko manungso podo mbaleni njupuk bondho dunyone gununge ngetokke watu panas kang encer abang wernone disusul wedus gembel kang banget panase.
Pati kuwi wes pesthene Gusti Alloh SWT banjur ora biso manungso milih dalan mati kejobo mung nglakoni dalan sing apik kanggo sangu mati...
Gusti Alloh SWT wis paring pepeling lan wanti wanti pirang pirang, sak ayem ayeme manungso ing waktune mbledose gunung yo kuwi manungso kang netepi sakabehe dawuhe ALLOH SWT. Semeleh, pasrah, waras slamet lan kabegjan kuwi ora banjur didelok soko urip lan orane naliko mbledose gunung ananging soko kahanan sing ono ing ngarepe. Mung begjone begjone wong kuwi kang ngerteni sejatine urip mung kanggo ibdaah marang Gusti ALLOH
Bakale ora katon maungso kang mati. Banjur sing urip mung biso nyawang ilange manungso kang podo mati.
Masya Alloh Laaquwwata Illa Billah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar